TUGAS BAHASA JAWA KELAS XII IPS
Sumilaking Mendhung (dening Sukarni)
Swasana wengi iku pancen sepi. Tan ana swarane sato kewan wengi kang ngumandhangake kidung kaendahan. Sepining wengi tambah sansaya sepi kanthi tumibaning udan riwis-riwis kang wiwit sore ora mandheg-mandheg. Hawane sansaya kekes. Ora maido yen sato kewan sarta janma manungsa luwih seneng ana wismane dhewe-dhewe ngumbar pangangen-angen. Tan prabeda karo Ningrum. Kenya lencir kuning iku lungguh ijen ana ruwang tamu. Atine Ningrum lagi kesaput mendhung. Pikirane ngulandara mecaki lelakon sing wis kawuri. Lelakon kang nyebabake dheweke kudu ninggalake wong tuwane sing ngukir jiwa ragane.
“Nyuwun pangapunten, Bu, kula boten saged nglampahi,” ngono wangsulane Ningrum nalika ibine ngandhakake yen dheweke kudu omah-omah karo Darsono. Ora mung lagi sepisan iku ibune njaluk supaya dheweke gelem omah-omah karo Darsono, priya sing dadi pilihane ibune.
“Ora bisa piye? Kowe kudu gelem dadi bojone Nak Darsono! Dheweke iku sugih! Kowe kepingin apa bae bakal keturutan! Uripmu bakal mulya!”
“Nanging, Bu, kula boten tresna piyambakipun, punapa malih Mas Darsono punika kawentar remen mabuk-mabukan.”
“Kowe ora usah ngelek-elek Nak Darsono!”
“Nyatanipun inggih makaten. Kejawi punika kula taksih kepingin sanget nglajengaken sekolah. Kula kepengin nyambut damel rumiyin, pados pengalaman nembe mbangun bebrayan,” wangsulane Ningrum kanthi sareh.
“pokoke kowe kudu nurut karo ibu! Ora usah sekolah dhuwur-dhuwur! SMA bae wis cukup! Coba d3elengen kanca-kancamu kae ora ana sing sekolahnganti SMA lan saiki wis padha nggendhong anak!”
Ningrum bingung. Judheg. Kepriye carane aweh pangerten marang ibune? Jaman saiki wis owah gingsir. Wis ora ana jamane maneh yen wanita kudu marem ana ing buri bae lan ora kena sekolah dhuwur.
“Sepisan malih kula nyuwun pangapunten, Bu! Kula kepeksa boten saged nuruti kersanipun Ibu. Saestu, Bu Kula suwun Ibu kersa menggalih malih babagan punika,” pangrimuke Ningrum.
“Wis, saiki ngene bae. Kowe pilih dadi bojone Darsono apa lunga saka omah kene! Ibu ora apa-apa kelangan endhog siji,” ngendika ngono karo ninggake Ningrum.
“Nanging, Bu,”
Ningrum bingung. Dheleg-dheleg. Dheweke ora ngerti apa sing kudu ditindakake. Tekade atine pranyata luwih gedhe. Kanthi lon-lonan lan nggawa ati remuk, Ningrum ninggalake omah lan wong tuwane. Lakune kesandhung-sandhung. Luh kang dleweran ing pipine ora digape. Mlaku terus mlaku nasak petenging wengi lan deresing udan. Ing pangangen-angene mung siji, nyuwun pangayoman marang budhene ing Semarang.
“Budhe, Ningrum bidhal kuliyah rumiyin lan mangke langsung dhateng toko,” pamite Ningrum marang Budhene.
“Iya, sing ngati-ati! Lha mengko mulihe numpak angkutan apa dipapag Gun?”
“Numpak angkutan kemawon, Budhe, melas Dhik Gun taksih sayah. Assalamu’alaikum.”
“Wa’alaikumsalam.”
Ningrum ninggalake budhene sing nguntabake lakune tekan emperan omah. Ningrum rumansa begja banget, awit salungane saka omahe dheweke ora ketula-tula. Budhene wis kersa paring pitulung ngentasake panandhange, malah pangruktine marang dheweke kaya dene marang putrane dhewe. Ora emban cindhe emban siladan marang Ningrum apa dene Gunawan sing dadi putrane dhewe. Dheweke kuliyah ana ing sawijining Perguruan Tinggi Negeri ing Semarang sinambi nyambut gawe ana sawijining toko kanggo ngragati kuliyahe. Saiki kuliyahe wis meh rampung, kari skripsi.
Ningrum sejatine ora bisa ngilangake wewayangane Ibune, Bapake, lan sadulur-sadulure. Dheweke wis nyoba bali menyang Sala, sowan wong tuwane. Nanging dukane ibune pranyata durung sirna. Tangkebe ibune durung bsa nampa Ningrum. Ibune ora gelem nemoni. Wis dicoba bola-bali nyedhaki lan ngrimuk nanging upayane ora kasil. Ningrum mung bisa ndonga rina wengi marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, muga-muga ibune enggala bisa lumer penggalihe.
Wulan Juli Ningrum nampa SK CPNS. Dheweke ditugasake ana SLTP ing wewengkon Pekalongan. Bungahe Ningrum tan bisa digambarake. Dheweke rumangsa nemu sepaka sewakul, kadya kajugrugan gunung menyan. Ningrum tansah ngaturake puji syukur.
Wiwit nampa SK iku, dheweke kudu pisah karo budhene lan Gunawan kanggo ngayahi tugas luhure, dadi guru sing bisa digugu lan ditiru temenan. Sanadyan mangkono, yen ana wektu lodhang dheweke mesthi sowan budhene.
Theng, theng, jam ing tembok nuduhake tabuh loro tengah wengi. Ningrum njenggirat. Angen-angene buyar. Dheweke enggal-enggal mapan turu maneh golek endahing pangimpen supaya sesuke ora telat menyang sekolahan.
“Bu Ningrum,”
“Punika wonten serat kagem Ibu.” Sambi ngulungake layang.
Ningrum nampani layang banjur diiling-ilingi. Ningrum kaget. Pranyata saka Sala.
“Matur nuwun, Pak.”
“Saking rakanipun inggih, Bu?” godhane Pak Asrofi karo mesam-mesem.
“Dudu kok, Pak, saka Bapakku ing Sala.”
“Bapak punapa bapak.”
Ningrum mung mesem digodha ngono iku. Pak Asrofi banjur pamit bakal mbacutake resik-resik taman.
Ing ruwang guru Ningrum mbukak layang sing lagi bae ditampa. Diwaca alon-alon. Isine layang, Ningrum dijaluk enggal-enggal bali menyang Sala amarga ibune gerah lan opname ing Rumah Sakit Oen.
Ningrum tekan Sala nalika srengene wis angslup, langsung njujug Rumah Sakit Oen. Awit pitulungane perawat, Ningrum kanthi gampang nemokake kamare ibune. Alon-alon lawang dibukak. Ibune lagi sare. Pasuryane katon pucet abang dluwang lan kari lunglit. Alon-alon ibune dicedhaki.
“Ibu, Ningrum sampun dugi, Bu,” karo nggegem astane ibune.
Ana swara kang mlebu ing talingan, ibune wungu. Katon ora percaya yen sing ana ngarepe iku anake wedok sing wis suwe dirantu tekane.
“Ibu, kula Ningrum.”
“Oh, ngger, anakku.”
Wong loro padha rerangkulan lan tetangisan. Ningrum diarasi, dirangkul kenceng kaya-kaya aja nganti ucul maneh.
“Ibu, kula nyuwun pangapunten awit,”
“Ora, Ndhuk, ora. Ibu sing luput dudu kowe. Ibu sing kudune njaluk pangapura. Kowe bener, Ndhuk. Ibu ketutupan bandha donya nganti netrane Ibu ora ngerti sapa sejatine Darsono iku!” pamunggele ibune.
“Sampun, Bu, sampun dipun penggalih babagan punika, ingkang wigatos Ibu enggal dhangan.”
Wong loro padha ngesokake rasa kangen sing wis suwe sumimpen ing jero atine. Tekane Ningrum pranyata dadi obat kang mujarab. Ora gantalan wektu ibune wis waras.
Saka Bapake, Ningrum lagi ngerti yen Darsono sing dadi pilihane ibune, saiki sdhekem ana sel amarga kasangkut prakara narkoba.
“Matur nuwun Gusti, Panjenengan sampun midhangetaken donga kawula,” pamuji syukure Ningrum lirih.
Mendhung kang tansah ngetutake lakune Ningrum saiki wis sumilak. Padhang njingglang.
Kapethik saka Kabeh Seneng Basa Jawa 3, Ydhistira.
TUGAS :
TEMTOKAKE :
1. TEMA CRITANE
2. ALUR SRITANE
3. TOKOH/PARAGANE (Paraga pokok lan paraga tambahan)
4. SETTING CRITANE
Tugas dikirim menyang Email : pakhenggar@yahoo.com paling telat tanggal 24 April 2008 tabuh 24.00 WIB.